body{display:block; -khtml-user-select:none; -webkit-user-select:none; -moz-user-select:none; -ms-user-select:none; -o-user-select:none; user-select:none; unselectable:on;}

Kamis, 09 April 2015

Contoh Naskah Drama Basa Jawa



TUKANG KORAN




Paraga :
Rohman               : Andi
Seviana                : Aminah
Suharni                 : Bu Siti
Ahmad Mursyidi  : Reza
Suciari                  : Jessie (J)
Anastasia              : Bu Nikita


SMA N 1 DEMAK
2014/2015


Babak 1
Ing lingkungan kumuh lan rusuh ono keluarga kang urip susah lan mlarat. Ing keluarga mau mung ono 3 anggota. Bu Siti wes ditinggal mati bojone wiwit  anak-anake isih cilik. Sanajan randa, Bu Siti mung bisa nyekolahke Andi, anak pambarepe mung tekan SMP. Ing sawijing dina, Andi matur marang ibune yen dheweke kepingin sekolah SMA koyo konco-koncone.
Andi : “Bu, kula kepingin sekolah SMA kaya rencang-rencang kula liyane buk”.
Bu Siti : “Seng sabar yo le, Ibu ra nduwe duwet kanggo nyekolahke
             awakmu. Kanggo nyangoni adhimu wae ibuk wes rak kuat”.
Andi  : “ Nggih kula tak ngalah
            mawon. Ben adhek seng sekolah mawon”.
Bu Siti : “Seng sabar yo le, muga-muga Gusthi Allah maringi rejeki kanggo awake
             dhewe supayane kowe iso sekolah meneh”.
Andi : “Nggih, Bu”.
Bu Siti : “Menawane mengko adhimu bisa sukses lan bisa mikul dhuwur mendem
              jero marang awake dewe”.
Andi    : “Nggih, Bu. Kula ngalah mboten nopo-nopo. Kula tak ngewangi ibuk
               kanggo nggolek sangu kanggo Aminah
Bu Siti : “Kowe meh lapo le ?”
Andi    :  “ Kula ajeng ngewangi ibuk dodolan koran, Bu”.
Bu Siti : “Ojo, le. Ben ibuk wae seng kerjo”.
Andi : “Mboten nopo-nopo bu, kula ajeng ngewangi ibuk”. (karo njupuk koran)
           Kula pamit riyin nggih bu ?. Assalamu’alaikum.
Bu Siti : Walaikumsalam. Ati-ati yo le



Babak 2
Ing perumahan elite ana keluarga kang urip sugih lan kecukupan. Sanajan keluarga iki wes ditinggal mati kepala keluargane, nanging taksih ditinggali warisan akeh kang ora bakal entek kanthi 7 turunan.
Bu Nikita : “Reza, iki wes jam setengah pitu kok durung opo-opo to le ? Kok ora
                  ndang adus mangkat sekolah ?”
Reza       : “Males, ah Bu !” (karo doalanan tablet)
Bu Nikita : “Sekolah kok males to le ? neng njobo kono isih akeh bocah-bocah
                  sepodo kowe kang ora bisa sekolah. Iki kowe iso sekolah kok malah
                  males ?”
Reza       : “Halah, bocah-bocah kae ora sekolah kan amarga bocah-bocah mau
        Melarat Bu ?”
Bu Nikita : “Bocah iki lho, dikandani sing apik kok ?”
Reza      :  “Halah, bu. Gawe opo sekolah ? warisane Bapak isih okeh, ra bakal
entek nganti aku nduwe putu”.
Bu Nikita : “Iki harang, Jessie. Melu-melu conto ala. Lha wong kang mase kesed
kok ditiru ?”
Jessie    : (Isih namatke HP) “Males, Bu. Bener kang Reza. Warisane Bapak isih akeh
           kok Bu”.
Reza   : “Asuransine Bapak nalika tilar donya wae 3 triliyun kok Bu”.
Jessie  : “Bener, Bu. Dereng diitung tabungane Bapak neng Bank Century kang
sampun tekan 15 M lan perusahaane Bapak kang mleber tekan endi-endi”.
Bu Nikita : (karo ngelus dada) “karepmu lah le”



Babak 3
Katon mbejejer omah-omah kang apik ing perumahan. Katon resik lan rapi tenan. Andi ketok lumaku ing dalan karo adol koran. Deweke terus lumaku lan akhire ana ing ngarep e omahe Reza.

Andi : “Koran, koran, koran. Koran paklek bulek, koran bulek...”
Reza : “Koran.... ( mlayu metu tekan omahe ) tuku korane, piro siji?”
Andi : ”Murah mas. Amung Rp3.500,-“
Reza: kei koran bal balan. Sing ono robin van persie ne
Andi   : (mikir gak mudeng terus nggolek2) Oh niki mas.
Reza   : (shock) Hah? Oponan iki. Ket kapan robin van persie ngaleh dadi Messi?
Andi   : Astaghfirullah, ngapurane mas ngapurane
Reza   : Kowe ki piye toh. Dodol koran kok rak mudeng opo opo
Jessie: Big brooo. Where are u? (ng ngarep teras)
Andi   : Ngapuntenne mas
Jessie: Lhooo kang Andi ngopo ning kene?
Reza: Iki toh tuku koran.
Reza : Nyoh iki wae wes iki duwit e”
Andi: “Wah duitmu gedhe mas ra ana susuk e? piye iki?”
Reza : “Rapopo, Jupuken bae, sek akeh ndek njero sing koyok ngono (karo nuding duwek mau)”
Jessie: “Heeh, hushh monooo iuhhh goooo awayyyy”
Andi : “Lek pancen ngono matur suwun low yo.
Reza : “Yowes, ngalih kono. Ojo suwe-suwe menyang kene! mambu”
Andi : “Iyo, suwun tenan yo”
Reza : “Iyo, iyo. Ndang ngaliho kono!”



Babak 4
Katon bocah-bocah sekolah mlaku tumuju gerbang sekolah. Aminah mlaku dewean. Terus Jessie nyusul mlaku bareng ing sebelahe Aminah
Jessie : “Tahun wes 2014 mangkat sekolah kok jeh mlaku. Sekolahe wae neng SMA
favorit, mung bayar angkot ra kuwat”. (Karo mlengoske rai)

Aminah mung meneng. Jessie langsung mlayu ninggal Aminah ing mburi.





Babak 5
Sakbudhale sekolah, Aminah langsung menyang omah.
Andi : “Sampun mantuk dek ? Pripun sekolahe ?”
Aminah : (mung meneng lan langsung mlebu kamar, Andi nututi)
Andi : “Pripun to dek ? Budhal sekolah kok mutung ?”
Aminah : “Aku kesel mas, sekolah ngene terus”.
Andi : “Kesel pripun to dek ?”
Aminah : “Aku kepingin koyo konco-konco mas. Mangkat mulih sekolah diantar
jemput, paling ora aku kepingin sekolah numpak taksi”.
Andi : “Astaghfirullah (karo ngelus dada) .....
           Artane sinten kados numpak taksi to dek ? kanggo mbayar sekolah lan
nyanguni adek wae ibuk sampun ra kuat kok dek”.
Aminah : “Halah, ngomong wae nak rak mampu”.
Andi : “Dek, mas sampun ngalah, mbiyantu ibuk kerjo supayane saged nyekolahke   adek, saged nyangoni adek”.
Aminah : “Nanging, konco-koncoku padha sugeh mas, ora saklevel karo awake
              dewe”.
Andi : “Dek, sekolah kuwi ora milangi bandha, sing penting mengko adek bisa
pinter lan sukses”.
Aminah : “Nggih, mas. Ngapuntene menawi kula sampun nyuwun neka-neka”.
Andi : “Wes rapopo dek. Sing penting sekolah sing bener. Muga-muga mengko adek
           bisa mikul duwur mendem jero”.
Aminah : “Amin mas”.
Andi : “Sing sregep sholate dek, ojo lali nyuwun marang Gusthi kang murbeng
          jagad”.


Babak 6
Katon bocah-bocah sekolah padha jajan ono kantin. Aminah mlaku tumuju ngisor pelem panggone Jessie jajan.
Jessie : “Iki kok mambu-mambu sampah neng kene to ? Owalah, lha iki ono bocah
mlarat nyedak kok”.
Aminah : “Jes, aku dung dhuwe dhuwet kanggo urunan gawe prakarya”.
Jessie : “Kowe ki piye to ? Mlarat kok gawe koncone susah. Tugas iki minggu ngarep
          kudu dikumpulna”.
Aminah : “Aku durung ono dhuwet tenan Jes”.
Jessie : “Opo ? Mung iuran 50.000 kuwe ra kuwat ?” Duwet sanguku sedinane wae
100.000 kok”.
Aminah : “Lha meh piye meneh Jes ?”
Jessie : “Aku gelem mbayari”.
Aminah : “Matur nuwun yo Jes ?”
Jessie : “Nanging, kowe kudu ngerjake PR lan tugasku 3 sasi”.
Aminah : “ 3 sasi Jes ? Kok suwe temen ?”
Jessie : “Karepmu. Nak kowe ra iso mbayar, berarti kowe ra entok biji”.
Aminah : (mikir suwe) “Yoh, aku gelem”.


Babak 7
Katon lingkungan kang rusuh lan mambu tenan. Sampah. Andi mlaku menyang omahe kang ana ing kampong kuwi.

Andi : “Buk e,,,buk…buk…aku moleh”
Bu Siti: ( Cepet-cepet metu tekan omah lan mbukake lawang gawe Andi) “Kowe wes bali le?”
Andi : (Melbu menyang omah barengan Bu Siti) “Enggeh bu, dinten niki kulo angsal arta kang katah.”
Bu Siti: “Wah, sip tenan lek ngono. Endi duite?”
Andi: (Karo njupuk saka kesake lan njupuk dhuwit asil saka ngedol korane lan maringno menyang bu Siti) “Niki bu”
Bu Siti : “Hah, akeh tenan iki!”  (Ngetokake ekspresi kang kaget)
Andi : “Niku ingkang tumbas anaknipun wong sugih, deweke ngomong jupuken bae sisane.”
Bu Siti : “wah kok apik tenan arek iku? Wes ngomong matur suwun?.”
Andi : ”Inggih bu, deweke pancen apik. Nanging sombong tenan, mantun tumbas koran kulo langsung di usir.”
Bu Siti : “Oh ngono ya. Tibake wong sugih ing endi-endi podo bae.yo piye maneh maneh le? Wong pancen kudu sabar.”
Andi: “Pun ngomongne liyan bu.. mangke duso”
Bu Siti: “ Oh iyo, sing penting wes diweneh i satus ewu yowes gek ndang adus kono! Byuh mambu kringet”
Andi:  “Enggeh bu”

Babak 8
Andi dodolan koran kaya biasane, njajakno ing kompleks omahe Reza nanging……..

Andi: “Koran, koran, koran. Koran paklek bulek, koran bulek...”
(Awasss..... ana wong nyangking blanjan mlaku lan nabrak Andi)
Wong wadon mandek lan ngewangi Andi tangi banjur mirsani keadaan Andi
Bu Nikita: “ byuh rapopo ta le?”
Andi: “Mboten menapa bu”
Bu Nikita: “Nyang rumah sakit bae yo?”
Andi: “Mboten bu, kulo mboten menopo namung keseleo sekedik”
Bu Nikita: “lha kuwi, sikilmu abuh ki. Yowes ayo mlebu omah”
(andi langsung dituntun bu nikita)
Bu Nikita: “Sek ojo akeh obah tak pijet e sikilmu!”
Andi: “aduh…duh…duh…duh (andi kelaran)”
(Moro-moro ana suara sikil tekan ndhuwur)
Reza: “Loh buk lapo bocah iki kok iso ana ing kene?
Bu Nikita: “Hush gaoleh ngomong kaya ngono. Bocah iki ing kene amarga ibu. Ibu mau nabrak bocah iki”
Reza: “Tapi iki bocah mlarat bu..  gak sak levele aku lan awake dewe!!”
Bu Nikita: “heh ibu ra tau ngajari koyo ngono!”
Andi: “Yoh aku metu!”
Bu Nikita: “Loh le rinio aku durung bar ngobati awakmu”
(Andi mlaku metu ambek nyeret sikile amarga sek lara)
Reza: “lha ! Apik lah ! ra rusuh-rusuhi omah ku”
Bu Nikita: “Astagfirullah Reza Saake bocah kuwi”
Reza: “Jarno bu mangke bilih mboten dingotenaken, isa-isa nggolek-nggolek kesempatan, cek entuk welas asih saka ibu, banjur diparingi duit saka ibu”
(Bu Nikita ngejar Andi lan ora ngereken omongane anake, nanging bu Nikita ora sampek ketemu Andi)

Babak 9
Andi moleh ambek nyeret sikile sing lara
Andi: “ Bu Andi bali bu”
Bu Siti: (Mbukak lawang lan kaget ndeleng keadaane Andi) “ Le sikilmu kok memar biru ngono kuwi kenopo?”
Andi: “Enggeh bu niki banjur ketabrak bu?
Bu Siti: “Kok isa loh le?”
Andi: “Nikuwau kula mboten ati-ati bileh mlampah. Ingkang nabrak tiyang komplek biasane kula dodol koran”
Bu Siti: “lha terus sopo sing nyrempet?”
Andi: ”ibuk e bocah wingi, sing kolu critani wingi.”
Bu Siti: “Oalah, cah sugih sing menehi duit wingi ta? Byuh kok pancet ae wong sugih ki”
Andi: “Tapi ibukne ki apik low buk, wong kulo mawon di pijet. Nanging pas anake metu kulo langsung di usir”
Bu Siti: “Yaweslah syukur ibuk e apik le”
Andi: “Enggeh buuu”

Babak 10
Jessie lagi keliling-keliling nyambi selfi nggowo HP andriod sing anyar …

(Prok-prok!!! Suara langkah sikil soko mburi nututi Jessie lan meh nyulik dheweke)
Jessie : “Tolong-tolong!”
(Ing kono ana Aminah kang lagi budhal sekolah, wektu ngrungokno suara iku Aminah cepet-cepet mlayu banjur njupuk kayu ana sisihe lan di keprukna marang penculik mau)
Aminah : “Kowe rakpopo to Jes ? !!”
(Cepet-cepet Aminah nulungi Jessie lan digawa menyang pinggir ratan)
Jessie : “Aaamiiinahhh”. (Jessie semaput)
Sawise Jessie sadar….
Bu Nikita: “Walah le le makane nak budhal sekolah ojo mlaku-mlaku dhewe.
                 Ngenteni ibuk utawa kang Reza nyusul”.                   
Reza: “Owalah dhek-dhek. Untunge kowe rak popo?”
Jessie : “Nggih mas”.
Reza : “Sesok meneh ngati-ati yo dek ?”.
Jessie : “Lho, iki ana bocah iki lapo neng kene buk. Senep aku, neng sekolah
          ketemu, mlebu rumah sakit ketemu maneh ?”
Reza : “Dek, ojo ngomong ngono ta ?”
Jessie : “Lha lapo kok mbook belani to mas ?”
Reza : “ Lha wong adheke iki seng nulungi kowe kok dhek”.
(Jessie meneng lan Aminah banjur metu)
Jessie : “Aminah ! Ojo lunga, aku njaluk ngapuramu. Maturnuwun kowe wis nulungi aku”.
Aminah : “Kowe njaluk ngapua aku Jes ? Jaremu kowe ara saklevel karo aku ?”.
Jessie : “Kuwi mbiyen, pas aku durung ngerti koyo opo becike atimu”.
Aminah : “Yoh, tak ngapura”.
Reza : “Lha iki dhek Aminah meh mantuk nandhi ? Tak terke dhek ?”.
Aminah : “Mboten usah mas. Griya kula mboten apik koyo griyane panjenengan
sedaya”.
Reza : “Rakpopo dhek”. (Reza banjur ngeterke Aminah bali)

Babak 11
Reza tekan omahe Aminah lan kaget weruh Andi ana kono
Reza: “Assalamualaikum”
Andi: “Walaikumsalam. Lho, lapo le kowe neng kene ?”
Reza: “Aku ngeterna Aminah bali”.
Andi: “Lha adek ku kok iso karo kowe ?”
Reza : “Oh, Aminah iki adhekmu to ? Pantes tumindhake becik kaya kang mase”.
Andi : “Maksude ki opo to ?”
Reza : “Andi, aku njaluk ngapura. Menawane aku wes akeh salah menyang
awakmu”.
Andi : “Alhamdulillah, nak kowe wes sadar”.
Reza : “Aku sadar merga tumindhake adhekmu kang wis gelem nulung adhek ku       Padal adhek ku wis jahat marang adhekmu”.
Andi : “Wis rapopo nak podo sadar”
Sakwise kedadean iku, Andi lan Reza dadi konco reket lan Andi bisa sekolah malih merga disekolahke marang Bu Nikita


TAMAT

Tidak ada komentar:

Posting Komentar