body{display:block; -khtml-user-select:none; -webkit-user-select:none; -moz-user-select:none; -ms-user-select:none; -o-user-select:none; user-select:none; unselectable:on;}

Senin, 13 April 2015

Contoh Pidato Bahasa Jawa Tema Lingkungan



Contoh Pidato Bahasa Jawa Tema Kebersihan Lingkungan

Tuladha Tanggap Wacana Basa Jawa Resiking Lingkungan 

Biasanya, kebanyakan siswa kebingungan bila diberi tugas membuat tulisan berbahasa jawa. Hal ini bisa dimaklumi mengingat kurangnya kaum muda yang menggemari bahasa ini. Sekolah-sekolah lebih sering menggunakan bahasa Indonesia sebagai pengantar dibanding menggunakan bahasa Jawa, alhasil bahasa ini dianggap sulit karena sudah jarang dopelajari. Oleh karena itu, kali ini admin ingin memberikan contoh pidato bahasa jawa dengan tema lingkungan hidup. Semoga karya saya kali ini bisa menjadi referensi untuk pembaca sekalian ya ? OK, langsung saja !
Check it dot !
Assalamualaikum Wr. Wb
Bapak Kepala Sekolah ingkang dhahat kinurmatan. Para Bapak, Ibu, saha para karyawan ingkang satuhu kula bekteni. Boten kesupen dhumateng para siswa ingkang kula tresnani.
Alhamdulillah, puja-puji syukur boten kendhat kita aturaken wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Mirah lan Maha Asih, amargi awit sih kanugrahanipun, kula lan panjenengan sami taksih saged kempal manunggal wonten upacara sekolah punika wigatos sanget, amargi kanthi lingkungan ingkang sarwa resik, kejawi sakeca dipuntinggali, boten njalari tuwuhipun sesakit ingkang maneka warni.
Lingkungan ingkang resik mekaten, mliginipun lingkungan kelas, ndadosaken weningin pikir siswa ing kelas kala wau. Kanthi pikir ingkang wening, ing pengangkah samangke saged nampi wucalan saking bapak ibu guru kanthi gampil. Semanten ugi lare-lare rumaos kerasan manggen ing kelas punika. Kejawi lare kerasan, bapak ibu guru ingkang nembe ngasta , inggih rumaos sekeca anggenipun maringi wucalan dhateng para lare ing kelas. Menawi kelasipun resik, saged anjalari prestasinipun para siswi inggih ndherek becik utawi sae. Kenging punapa kok saged mekaten ?
Lingkungan ingkang resik prasasat dados daya ingkang sarwa linuwih lan saged paring motivasi dhumateng kita , saengga anggen kita sinau sansaya sregep. Pikiran mboten kemrungsung, tansah adhem ayem. Kelas ingkang resik njalari remening ingkang manggeni. Kejawi lare ing kelas punika, para dwija utawi guru ingkang nembe maringi wucalan.
Lingkungan ingkang mekaten, nambahi motivasi dhateng siswa ugi guru. Menawi para lare utawi siswa sami gadhah motivasi ingkang makantar-kantar anggenipun sinau, dipuntambah gurunipun inggih semangat amargi rumaos kerasan, prasasat njalari tuwuhipun prestasi ingkang sae ing klas punika.
Kosok wangsulipun, menawi kelas saha lingkungan sekolah reged, acak-acakan, boten tumata, punapa malih gandanipun boten sekeca, murid anggenipun sinau rumaos kirang sreg, semanten ugi guru ingkang mucal ing kelas punika inggih kirang sreg. Wusana ingkang kados mekaten njalari prestasinipun para lare ingkang kendho, kirang sae.
Para peserta upacara ingkang kinurmatan, kados mekaten atur kula ing enjing punika. Mbok bilih wonten kirang mentesing atur kula, kula nyuwun sih pangapunten ingakng tanpa umpami. Wasana mugi ndadosna kawuningan. Nuwun
Wassalamualaikum Wr.Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar